BABAD IDUL FITRI

Share:

 


BABAD IDUL FITRI


1.

Dhandhanggula


Konjuk dhateng Panjenengan sami,

Kula pun Purwadi Sari Indah, 

Dalah anak sedayane, 

Adityo kang rumuhun, 

Aryo Bimo kang nomer kalih, 

Anindito ketiga, 

Pareng unjuk atur, 

Bagya mulya hari raya, 

Idul fitri nyuwun gunging pangaksami, 

Lahir batin sumarah.


Sami eling dinten Senin Paing, 

Telu siji Maret gya lumampah, 

Tahun rong ewu selawe, 

Mahargya wanci agung, 

Manggih riyaya idul fitri, 

Winastanan lebaran, 

Suwara gumuruh,

Ngumandhang ing awang awang, 

Tahlil takbir tahmid tasbeh dikir, 

Pasa Ramadhan purna. 


2.

Megatruh


Minal aidin wal faidin umatur, 

Pangapura lahir batin, 

Bapak ibu para sepuh,

Kangmas mbakyu adhik adhik, 

Jawat asta amiraos. 


Pulang kampung lumaksana turut lurung,

Saking kutha hilir mudik, 

Desa sejatine hulu, 

Pralampita wong ngaurip, 

Saguh momong momor momot.


3.

Mijil


Ngulandara ngayahi pakarti,

Bang wetan bang kulon, 

Saurute wilayah kidul pesisir, 

Mangka tukang tani, 

Among dagang bakul. 


Lumampah saking Minomartani, 

Ngaglik Sleman katon, 

Yogyakarta kana kene rame, 

Sakjroning pahargyan idul fitri, 

Takbiran keliling, 

Rasa suka sukur. 


4.

Maskumambang


Wus gumelar klasa jembar anglenggahi, 

Bawa rasa barang karsa, 

Jaman kekancan kawuri, 

Hari raya sumadiya.


Salatiga Semawis tatas patitis, 

Pasrah mbayar zakat fitrah, 

Angger anggering agami, 

Suka rena tyas sesama. 


5.

Pangkur


Suguhan kacang rengginang, 

Madumangsa wajik jenang keripik, 

Emping mlinjo tempe tahu, 

Juwadah marning renyah, 

Nuli ngunjuk wedang kopi jahe mathuk, 

Sempulur sanak sedulur, 

Tampa paring pangaksami. 


Tumuju ing Jawi wetan, 

Grogol Mojorembun Rejoso ugi, 

Tlatah kabupaten Nganjuk, 

Ndherek mangayu bagya, 

Siyang dalu sakjroning bada kadulu,

Cukat rikat saben brayat, 

Griya wiwara ngubengi. 


6.

Kinanthi


Sigrak gumyak renteng runtung,

Pisowan silahturahmi, 

Golong geleng wadya bala, 

Sepuh anem jaler estri, 

Mupakat srengat manpangat, 

Mitra jawat asta mukti. 


Wiwit malem sanga likur, 

Gita gita nawung gati,

Apem karya wilujengan, 

Colok colok urup geni, 

Padhang jingglang pinggir lawang, 

Wulan pasa wis mungkasi. 


7.

Asmarandana


Busana abyor nelahi,

Baju koko wus rinengga, 

Mustaka kethu kapiyeh, 

Sandhal terompah bakiyak, 

Dandan gagrag santri kesah, 

Bebet sarung katon agung, 

Prasaja pasrah sumarah.


Lumakune bada kecil, 

Winastanan bada kupat, 

Kapernah sepasarane, 

Ing pendhapa Kamituwa, 

Wakil brayat masyarakat, 

Perangane desa dhukuh,

Tata cara wilujengan. 


8.

Pucung


Jangkah laju linakonan kanthi mlaku, 

Atur sungkem sembah, 

Dhateng pepundhen pinundhi, 

Nyuwun lilah ing pangangkah antuk berkah.


Wus lumaku upacara pancen perlu, 

Wiwit sasi Ruwah,

Nyadran unggahan murwani, 

Banjur pasa telung puluh dina bada. 


9.

Gambuh


Bungah esem gumuyu, 

Teguh hayu ginanjar rahayu, 

Amarsudi ati lathi kang nyawiji, 

Kalepatan banjur lebur, 

Pangaksama lahir batos. 


Tumrap wilayah Nganjuk, 

Rina wengi nganti sore esuk, 

Idul fitri srana ngleluri tradisi, 

Warisan para leluhur, 

Arwah suwargi wigatos. 


10.

Durma


Jiwa raga kaluputan wani ndhandha, 

Dosa salah ngakoni, 

Pribadi nglenggana, 

Apura ingapura, 

Lawang tobat tulusing ati, 

Gya lineburna, 

Riyaya idul fitri. 


Ngulandara tumekeng manca negara, 

Ngudi undhaking urip, 

Srana ngupaboga, 

Makarya jaban kutha, 

Purnaning idul fitri, 

Sigra lelana,

Ngrampungi kehing wajib. 


11.

Sinom


Wulan siyam paripurna, 

Wiyati ngumandhang takbir, 

Tahlil tahmid kapiyarsa, 

Manunggaling pikir dikir,

Suwara bedhug muni, 

Tapakur bareng tadakur,

Kamulyan kawidadan, 

Arum rahayu lestari, 

Keh barokah krana binarung ngibadah. 


Sasi bada karya suka, 

Run tumurun angleluri, 

Sanak kadang pawong mitra,

Yekti minangka piranti, 

Tali silaturahmi, 

Gya manungkul padha kumpul, 

Dol tinuku pawarta, 

Cerak tebih kapenggalih, 

Puji puja ayem tentrem bagya mulya. 




Purwadi, 

Sari Indah Setiani,

Adityo Jatmiko, 

Aryo Bimo Setianto, 

Anindito Wisnu Prasetyo. 


Senin Paing, 31 Maret 2025.

Jl Kakap Raya 36 Minomartani Yogyakarta

Share:
Komentar

Berita Terkini