KI WARSENO SLENK Dalang Payang Purwa

Share:


Ist



GARDA.id | KI WARSENO SLENK dalang wayang purwa


1.

Megatruh


Manah suntrut mendhung sinaput ing pedhut,

Kadang seni tawang tangis, 

Ki Warseno sampun kondur, 

Tepet suci swarga jati, 

Sumendhot sakjoning raos. 


2.

Mijil


Dhalang wasis luru ngelmu titis, 

Lumantar peguron, 

Tunan Pembangunan UGM UNS, 

Olah seni adi luhung edi peni, 

Kondhang dhalang sanggit,

Penonton kayungyun. 


3.

Durma


Pasugatan wirama guna wicara, 

Olah kridhaning sanggit, 

Caking pakeliran, 

Gamblang wijang tur terang, 

Madhep mantep antep merbawani,

Marem mirasa, 

Sanggit semuning ringgit. 


4.

Pangkur


Tedhak turun Kyai dhalang, 

Hardjo Diyun miyos Klaten Juwiring, 

Anom Suroto nyengkuyung, 

Bagong Darmono uga, 

Swara arum Rigel kagunan sadarum,

Amar Pradopo nerusna,

Myang Bayu Pamungkas Aji.


5.

Kinanthi


Asih Purwaningtyas ibu,

Kang kinasih Briyan Pandhit,

Amar Pradopo kawentar, 

Angleluri darah seni, 

Darma bakti marang bangsa, 

Suwita ibu pertiwi.


6.

Asmarandana


Ngesti wulang wuruk becik, 

Sinau ing pawiyatan, 

Gajah Mada dugi Master, 

UTP nempuh sarjana, 

Ing UNS doktor tamat, 

Kebak ngelmu sipat kawruh, 

Warseno guna aguna. 


7.

Sinom


Ki Warseno sung wedharan, 

Anta wacana prayogi, 

Kinarya mbabar piwulang,

Anggit sanggit sinanggit, 

Sarining wayang ringgit, 

Sinawung kagunan luhung, 

Lagon ladrang ketawang,

Ngumandhang ngebak wiyati,

Dadi srana mrih kuncara nusantara. 


8.

Gambuh


Warseno sambang sambung, 

Sawang srawung trus tulung tinulung, 

Warta warti kababar kanthi permati, 

Kehing gagasan panemu, 

Siaran nganggo radio. 


9.

Pucung


Sung pepemut urut runtut pancen patut, 

Ki Warseno dhalang, 

Pathet nem enggal miwiti,

Pathet sanga pungkasan pathet manyura.


10.

Dhandhanggula


Labuh labet tumraping negari, 

Ki Warseno minangka punggawa, 

Ndherek kantor BPIP,

Makarya siyang dalu, 

Pancasila amalan becik, 

Sagunging para warga, 

Amrih kukuh bakuh,

Kapribaden nasional, 

Jatidiri tansah basuki lestari, 

Santosa nusa bangsa. 


11.

Maskumambang


Rolas Desember patlikur kang warsi, 

Ki Warseno puripurna, 

Marisi tepa palupi,

Ginanjar suwarga loka.


Kamis Pon, 

12 Desember 2024


Purwadi, 

Universitas Negeri Yogyakarta

Share:
Komentar

Berita Terkini